Lamunan(Explicit)

Sumribid angin ratri tansah hangantheni

  • Sumribid angin ratri tansah hangantheni
  • Setya nrajang telenging ati
  • Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
  • Tansah angranti tekamu duh yayi
  • Wong ayu age nyedhak'a ing sandhingku
  • Nyawang manise esemmu
  • Gawe lereme rasaku tentrem ing atiku
  • Haywa pegat tresnamu sayangku
  • Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
  • Tresnaku mring sliramu sayang
  • Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
  • Yekti sliramu kang dadi lamunan
  • Wong ayu age nyedak'a ngekep ragaku
  • Sirnakna lara branta ing atiku
  • Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
  • Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku
  • Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
  • Tresnaku mring sliramu sayang
  • Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
  • Yekti sliramu kang dadi lamunan
  • Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
  • Yekti sliramu kang dadi lamunan
  • Sumribid angin ratri tansah hangantheni
  • Setya nrajang telenging ati
00:00
-00:00
Xem chi tiết bài hát
𝐿𝑎𝑚𝑢𝑛𝑎𝑛.... 🙏✌

21 7 2133

7-11 18:30 RealmeRMX1941

Quà

Tổng: 0 204

Bình luận 7