Asmaranala

Binarunging kidung tresna

  • Binarunging kidung tresna
  • Mangka prasetyaning jiwa
  • Nadyan pinalangan samodra hagni
  • Datan mingguh tan pekewuh
  • Genging tresna mbingkas sakehing rubeda
  • Oooo
  • Sumawur cahya lintang
  • Asri rinengga ing awang-awang
  • Anyekseni prasapaning ati
  • Amung sira juwita kang tak tresnani
  • Sinurung ing pamuji
  • Ubayane datan mbalenjani
  • Labuh tresna akeh ing rubeda
  • Panyuwunku kukuh ing prastya
  • Senadyan nyabrang samodra hagni
  • Setyaku ora bakal sun lincati
  • Senadyan munggah pucuking arga
  • Tresnaku ra bakal sirna
  • Sakehing rubeda kang tumeka
  • Sirna awit gedhene rasa tresna
  • Sinawung kidung Asmaranala
  • Setya tumeka oncating nyawa
  • Nimas wong ayu jejimating tilamsari
  • Ya mung sira
  • Ya mung sira mangka mustikaning nala
  • Nadyan sewu widodari tumurun ing arcapada
  • Sedyaku ora bakal kengguh ing prasapa
  • Nyuwuna mudune lintang klaran rembulan
  • Yekti bakal sun wujudi awit
  • Awit genging tresnaku marang sliramu yayi
  • Sakehing rubeda kang tumeka
  • Sirna awit gedhene rasa tresna
  • Sinawung kidung Asmaranala
  • Setya tumeka oncating nyawa
  • Setya tumeka oncating nyawa
00:00
-00:00
Xem chi tiết bài hát
Yuk duet bareng aku!

34 8 1194

10-30 23:36 Redmi 9

Quà

Tổng: 0 3

Bình luận 8