Kusuma Layu

Amung sira memaniking ati

  • Amung sira memaniking ati
  • Sang putri kusumaning dewi
  • Rika wus sumpahing janji
  • Ing wanci wulan nendhenge ndadari
  • Ngrakit bebrayan tekaning pati
  • Ing rina kalawan ratri
  • Nanging sira nglincati janji
  • Gawa rasa tresna sakjroning ati
  • Kapangku kang tanpa upama
  • Uga rasa tresna sakjroning dhadha
  • Sira wus ninggalake prasetya
  • Urip bebarengan mung teka ana lamunan
  • Merga rika wus gandeng asta priya liya
  • Anane gela kuciwa kang sun rasa
  • Amung esem guyumu kang katon ing netra
  • Kusuma layu luntur malela
  • Hanyarkara cahyane mimbuhi
  • Kusumayu agawe wiwaha
  • Gandhes luwes seksolahe
  • Gandrung gandrung linuhung
  • Luruh rereh tan njuwarehi
  • Tinon saking tebihan
  • Lir sotya satuhu
  • Kapangku kang tanpa upama
  • Uga rasa tresna sakjroning dhadha
  • Sira wus ninggalake prasetya
  • Urip bebarengan mung teka ana lamunan
  • Merga rika wus gandeng asta priya liya
  • Anane gela kuciwa kang sun rasa
  • Amung esem guyumu kang katon ing netra
  • Kusuma layu luntur malela
  • Lila aku lila
00:00
-00:00
Lihat rincian lagu
# nyuwun Sewu mas, Kulo nderek nglengkapi.salam kenal njeh 🙏🙏🤝🤝 #

39 0 2928

6-11 00:18 vivo 1938

Tangga lagu hadiah

Total: 0 12

Komentar 0