Lamunan

Sumribit angin ratri tansah angenteni

  • Sumribit angin ratri tansah angenteni
  • Setya nrajang telenging ati
  • Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
  • Tansah angranti tekamu dhuh yayi
  • Wong ayu age nyedhak'a ing sandhingku
  • Nyawang manising esemu
  • Gawe lereme rasaku tentrem ing atiku
  • Haywa pedat tresnamu sayangku
  • Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
  • Tresnaku mring sliramu sayang
  • Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
  • Yekti sliramu kang dadi lamunan
  • Wong ayu age nyedhak'a ngekep ragaku
  • Sirnakna lara branta ing atiku
  • Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
  • Haywa pedat tresnamu dhuh sayangku
  • Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
  • Tresnaku mring sliramu sayang
  • Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
  • Yekti sliramu kang dadi lamunan
00:00
-00:00
Xem chi tiết bài hát
Dengarkan duet yang terkoordinasi baik

22 2 1844

7-8 17:25

Quà

Tổng: 0 20

Bình luận 2

  • Queen Ay 7-8 17:34

    lanjut yg lain 🤗

  • Ida Kinara Kafka 7-11 22:58

    👩‍🎤💖💖💖🤘josss bro lanjut kan. ak yo bingung meh kudu pye suka2💖 💛 💙