Lestari

Sang dewi katon nglamlami

  • Sang dewi katon nglamlami
  • Ambabar wewangi semi
  • Arum kembange melathi
  • Dhasar wulane ndadari
  • Wong bagus setya rumeksa nala
  • Sasat abyoring kartika
  • Kadya puspita ing nendra
  • Hanjangkepi tresna
  • Rasa tresna kang sejati manggiha lestari
  • Angidung tembang suci
  • Nyengsemi sakjroning sepi
  • Cahyamu amadhangi saratri
  • Dadya kembange ati
  • Angen-angenku lelana tawang
  • Mideri tanpa wangenan
  • Lumaku nembus marang kabagyan
  • Banget manis yen sinawang
  • Wong bagus setya rumeksa nala
  • Sasat abyoring kartika
  • Kadya puspita ing nendra
  • Hanjangkepi tresna
  • Rasa tresna kang sejati manggiha lestari
  • Angidung tembang suci
  • Nyengsemi sakjroning sepi
  • Cahyamu amadhangi saratri
  • Dadya kembange ati
  • Rasa tresna kang sejati manggiha lestari
  • Angidung tembang suci
  • Nyengsemi sakjroning sepi
  • Cahyamu amadhangi saratri
  • Dadya kembange ati
  • Angen-angenku lelana tawang
  • Mideri tanpa wangenan
  • Lumaku nembus marang kabagyan
  • Banget manis yen sinawang
  • Wong manis sing tak sayang
00:00
-00:00
ดูรายละเอียดเพลง
angel men

31 7 3399

8-31 22:35 realmeRMX3830

ชาร์ตของขวัญ

รวม: 0 111

ความเห็น 7