Mati Urip Karo Kowe

Kene kene kene lungguh kene

  • Kene kene kene lungguh kene
  • Omong omong dikepenakke
  • E ee e ee oke oke wae
  • Pancen perlu kanggone aku kowe
  • Mumpung lego aku arep takon mas
  • Yen to pancen kowe tresno aku
  • Ben kowe soyo leh percoyo
  • Tak wangsuli cobo takonono
  • Yen le mangan lawohku lawoh tempe
  • Wes mestine aku yo lawoh tempe
  • Yen ben isuk ben sehat aku dede
  • Kewajibanku aku ngancani dede
  • Yen dong bokek sithik wae ra ono duwit
  • Cepet cepet nonggo tak utangke
  • Kepenak ra kepenak darling
  • Mati urip barengan sak lawase
  • Mas
  • Opo
  • Piye to kok mesti diutangke
  • Lha wong aku yo urung
  • Nyambut gawe lho deek
  • Yen kepareng lungan karo aku
  • Ruh wong ayu kowe njur kepiye
  • Ra orane aku kepincut de'e
  • Paling paling mung nglirik sithik wae
  • Sirah mumet mergo masuk angin
  • Opo kowe saguh ngeroki
  • Tak gosok tak pijeti terus
  • Lah poko'e nganti kowe mari
  • Yen njur mlaku ra njarak kesandung watu
  • Tak tambani watune tak gebuki
  • Yen nong ndalan nok priyo nggodo aku
  • Yen wonge cilik
  • Tak tantang tak pentelengi
  • Yen kliyengan dumadaan njur semaput
  • Yo mestine aku melu
  • Lho lha kowe nek semaput neng
  • Ndalan yo tak tinggal
  • Mas kok ditinggal toh ra tresno
  • Yo tresno ning semaputmu ojo neng ndalan
  • Ngisin ngisini
  • Yo wis aku tak semaput neng omah
  • Nah ngono dadi iso semaput bareng
  • Opo tenan mati urip karo aku
  • Wani sumpah seksine langit bumi
  • Sing pungkasan rungokno tak takoni
  • Bukti tresno aku kudu nglegani
  • Yen wis nasib awakku ndisiki mati
  • Opo kowe yo saguh ngancani
  • Pitakon ojo aneh aneh
  • Marakke bingung piye lehku mangsuli
00:00
-00:00
Lihat rincian lagu
...😂😂😂...

29 2 1457

5-25 21:24 Redmi Note 8

Tangga lagu hadiah

Total: 0 10

Komentar 2