Kangen Esemmu(From "Langgam Campursari Terbaru")

Nalikane kowe ninggalke aku

  • Nalikane kowe ninggalke aku
  • Brebes mili rasane ana batinku
  • Pingin mangan rasane kaya ra doyan
  • Pingin ngombe rasane mandeg ning gulu
  • Wong bagus kembanging jiwa ragaku
  • Aja gawe bingung rasane pikirku
  • Godong telo bisa kena kanggo tamba
  • Kangen sing tak rasa ning jero dada
  • Tangismu esemu lan guyumu
  • Rina wengi sing gawe kangen atiku
  • Tak lali lali malah saya malela
  • Tak endani malah mung katoning mata
  • Lila janjane aku wis lila
  • Nanging ati iki kok ra bisa nampa
  • Saben lingsir wengi wayah mapan turu
  • Mung esemu sing gawe kangen atiku
  • Nalikane kowe ninggalke aku
  • Brebes mili rasane ana batinku
  • Pingin mangan rasane kaya ra doyan
  • Pingin ngombe rasane mandeg ning gulu
  • Wong bagus kembanging jiwa ragaku
  • Aja gawe bingung rasane pikirku
  • Godong telo bisa kena kanggo tamba
  • Kangen sing tak rasa ning jero dada
  • Tangismu esemu lan guyumu
  • Rina wengi sing gawe kangen atiku
  • Tak lali lali malah saya malela
  • Tak endani malah mung katoning mata
  • Lila janjane aku wis lila
  • Nanging ati iki kok ra bisa nampa
  • Saben lingsir wengi wayah mapan turu
  • Mung esemu sing gawe kangen atiku
00:00
-00:00
Lihat rincian lagu
Yuk duet bareng aku!

105 27 1532

1-22 18:45 红米5

Tangga lagu hadiah

Total: 17 456

Komentar 27