Lintang Asmoro

Wong ayu tresnamu kinarya tamba

  • Wong ayu tresnamu kinarya tamba
  • Susah jroning batinku
  • Wong bagus antebna rasa atimu
  • Tresnaku tulus jroning kalbu
  • Siang pantara ratri
  • Mung eling manising ati
  • Sedyaku bisa anduweni
  • Marang sang dyah sulaksmi
  • Rasa kangen kang nglimputi
  • Lintang bulan dadi seksi
  • Ubayane datan mbalenjani
  • Janji sebaya mukti sebaya pati
  • Wong ayu tresnamu kinarya tamba
  • Susah jroning batinku
  • Wong bagus antebna rasa atimu
  • Tresnaku tulus jroning kalbu
  • Senadyan ngarungi banyu segara
  • Rasaku rabakal sirna
  • Senadyan nyawa oncat saka raga
  • Wis tresna rabisa dipisahna
  • Siang pantara ratri
  • Mung eling manising ati
  • Sedyaku bisa anduweni
  • Marang sang dyah sulaksmi
  • Rasa kangen kang nglimputi
  • Lintang bulan dadi seksi
  • Ubayane datan mbalenjani
  • Janji sebaya mukti sebaya pati
  • Wong ayu tresnamu kinarya tamba
  • Susah jroning batinku
  • Wong bagus antebna rasa atimu
  • Tresnaku tulus jroning kalbu
  • Senadyan ngarungi banyu segara
  • Tresnaku rabakal sirna
  • Senadyan nyawa oncat saka raga
  • Wis tresna rabisa dipisahna
  • Yen wis tresna ra bisa dipisahna
00:00
-00:00
ดูรายละเอียดเพลง
Yuukk guysss.. dilengkpi.. abaikan warna merah birunya y, yg hafal psti tau.. 😄🙏🙏💪👌

22 6 1506

5-7 13:49 红米Note5

ชาร์ตของขวัญ

รวม: 0 0

ความเห็น 6