Nagih Janji

Kelingan rikolo urip bebarengan

  • Kelingan rikolo urip bebarengan
  • Bungah susah kabeh ra dadi alangan
  • Senadyan sedino mung mangan sepisan
  • Ati seneng anggone urip bebrayan
  • Nanging saiki uripmu uwis mulyo
  • Banjur lali rikolo jaman semono
  • Mangan enak turu penak kerjo penak
  • Njur lali marang aku sing ngrumat anak
  • Tego tenan sliramu marang awakku
  • Mbok tinggal lungo suwe opo dayaku
  • Saiki tak tagih sing dadi janjimu
  • Lali aku ojo lali anakmu
  • Anakmu saiki wis gede gede
  • Pingin nyuwun pirso sopo to bapake
  • Udan tangis atiku tambah nelongso
  • Ning atiku yo soyo mbok sio sio
  • Yo pancen wis suwe anggonku lungo
  • Nggonku urip adu nasib ono kutho
  • Aku ninggal anak bojo lan wongtuwo
  • Urip ning ndeso tansah keloro loro
  • Pancen saiki uripku uwis mukti
  • Nanging ojo mbok anggep aku wis lali
  • Jroning ati mung tansah ono sliramu
  • Luwih luwih dadi sumpah jroning atiku
  • Pancen wis dadi sumpah jroning atiku
  • Yen durung biso keturutan karepku
  • Aku ra bakal lali mring wekasanmu
  • Mung tak jaluk sabar ngenteni tekanku
  • Yen anakmu takon sopo bapake
  • Kuwi kabeh ngono wis ono benere
  • Kandanono aku isih nyambut gawe
  • Nggo mulyake anakmu klawan kowe
  • Nggo mulyake anakmu klawan kowe
00:00
-00:00
View song details
Yuk duet bareng aku! *** mf..jangan hiraukan hitam putihnya mf..!🙏🙏🙏

24 10 1253

2021-4-21 21:22 samsungSM-G532G

Gifts

Total: 0 4

Comments 10