Lintang Asmoro

Wong ayu tresnamu kinarya tamba

  • Wong ayu tresnamu kinarya tamba
  • Susah jroning batinku
  • Wong bagus antebna rasa atimu
  • Tresnaku tulus jroning kalbu
  • Siang pantara ratri
  • Mung eling manising ati
  • Sedyaku bisa anduweni
  • Marang sang dyah sulaksmi
  • Rasa kangen kang nglimputi
  • Lintang bulan dadi seksi
  • Ubayane datan mbalenjani
  • Janji sebaya mukti sebaya pati
  • Wong ayu tresnamu kinarya tamba
  • Susah jroning batinku
  • Wong bagus antebna rasa atimu
  • Tresnaku tulus jroning kalbu
  • Senadyan ngarungi banyu segara
  • Rasaku rabakal sirna
  • Senadyan nyawa oncat saka raga
  • Wis tresna rabisa dipisahna
  • Siang pantara ratri
  • Mung eling manising ati
  • Sedyaku bisa anduweni
  • Marang sang dyah sulaksmi
  • Rasa kangen kang nglimputi
  • Lintang bulan dadi seksi
  • Ubayane datan mbalenjani
  • Janji sebaya mukti sebaya pati
  • Wong ayu tresnamu kinarya tamba
  • Susah jroning batinku
  • Wong bagus antebna rasa atimu
  • Tresnaku tulus jroning kalbu
  • Senadyan ngarungi banyu segara
  • Tresnaku rabakal sirna
  • Senadyan nyawa oncat saka raga
  • Wis tresna rabisa dipisahna
  • Yen wis tresna ra bisa dipisahna
00:00
-00:00
Lihat rincian lagu
🤕🤕Hayoo.. wong ayu.. ndang mrene.. lapor pak lurah dhisik.. mau di creambath gk..🤦‍♂️🤦‍♂️

107 12 1606

1-20 21:00 Redmi 9

Tangga lagu hadiah

Total: 15 600

Komentar 12

  • ♒WARU♒ 1-21 11:00

    Mbang turi (bambang angel di tuturi) hadeuuh..deuh..🤦‍♂️🤦‍♂️

  • ♒WARU♒ 1-21 11:02

    Waalaikumsalam.. mbak RIRY soho yu TIN.. matur sembah nuwun sanget pangelembono soho holeh holeh.. stiimiwirr ipun njeh🙏🙏

  • ♒WARU♒ 1-21 11:04

    Monggo sampun disumangga aken minggah keprabon kaliyan ibu2 dharma wanita sakmeniko..

  • ♒WARU♒ 1-21 11:06

    Salam rahayu widodo njih.., bagyo selalu tentunya... 🙏🙏👍👍🎼 Aamiin.. pandungo ingkang sami katur mbak RIRY.. beserta oppisial ipun

  • ♒WARU♒ 1-21 11:06

    🙏🙏🙏

  • ♒WARU♒ 1-21 11:13

    eh.. sugeng enjing ugi mbak.. mlh kelalen 🤦‍♂️🤦‍♂️

  • ♒WARU♒ 1-21 11:15

    paling lagi masak.. jangan kluweh.. iki piyayine.. pak carik..

  • 🌻Ry²🌻 1-21 15:14

    walaah negoro ngendi ki Yuu, nyahmen kok sugeng enjang... 😁🤭.. ntar njih mas..., YuTin taksih teng galengan umek tandur matun niko wau

  • 🌻Ry²🌻 1-21 15:16

    taksih dereng saged caos panglipur Ibu² dharma wanita... sepuntene Buuuu 🙏👍🎼🙏

  • ♒WARU♒ 1-21 23:07

    Walah.. dikirimi pari sak truk.. pak carik sampean matur sembah nuwun malih njeh mbak🙏