Nagih Janji

Kelingan rikolo urip bebarengan

  • Kelingan rikolo urip bebarengan
  • Bungah susah kabeh ra dadi alangan
  • Senajan sedino mung mangan sepisan
  • Ati seneng anggone urip bebrayan
  • Nanging saiki uripmu uwes mulyo
  • Banjur lali rikolo jaman semono
  • Mangan enak turu penak kerjo Penak
  • Njur lali marang aku sing rumat anak
  • Tego tenan sliramu marang awakku
  • Mbok tinggal lungo suwe opo dayaku
  • Saiki tak tagih sing dadi janjimu
  • Lali aku ojo lali anakmu
  • Anakmu saiki wes gede gede
  • Pengen nyuwun pirso sopo toh bapake
  • Udan tangis atiku tambah nelongso
  • Ning atiku yo soyo mbok sio sio
  • Yo pancen wes suwe anggonku lungo
  • Nggonku urip adu nasib ono kutho
  • Aku ninggal anak bojo lan wong tuwo
  • Urip neng deso tansah keloro loro
  • Pancen saiki uripku wes mukti
  • Nanging ojo mbok anggep aku wes lali
  • Jroning ati mung tansah ono sliramu
  • Luwih luwih dadi sumpah jroning atiku
  • Pancen wes dadi sumpah jroning atiku
  • Yen durung biso keturutan karepku
  • Aku ra bakal lali mreng wekasanmu
  • Mung tak jaluk sabar ngenteni tekaku
  • Yen anakmu takon sopo bapake
  • Kuwi kabeh ngono wes ono benere
  • Kandanono aku seh nyambut gawe
  • Nggo mulyake anakmu kelawan kowe
  • Nggo mulyake anakmu kelawan kowe
00:00
-00:00
Lihat rincian lagu
Yuk dengarkan aku nyanyi solo!

27 4 1

2023-9-24 18:25 OPPOCPH2239

Tangga lagu hadiah

Total: 1 1

Komentar 4