Nagih Janji

Kelingan rikolo urip bebarengan

  • Kelingan rikolo urip bebarengan
  • Bungah susah kabeh ra dadi alangan
  • Senadyan sedino mung mangan sepisan
  • Ati seneng anggone urip bebrayan
  • Nanging saiki urepmu uwes mulyo
  • Banjur lali rikolo jaman semono
  • Mangan penak turu penak kerjo penak
  • Jor lali marang aku sing ngrumat anak
  • Tego tenan sliramu marang awakku
  • Mbok tinggal lungo suwe opo dayaku
  • Saiki tak tagih neng janji-janjimu
  • Lali aku ojo ngelali anakmu
  • Anakmu saiki wes gede-gede
  • Pengen nyuwun pirso sopo to bapake
  • Udan tangis atiku tambah nelongso
  • Neng atiku kok tambah mbok sio-sio
  • Yo pancen wes suwe anggonku lungo
  • Nggonku urip ngadu nasib ono kuto
  • Aku ninggal anak bojo lan wong tuwo
  • Urip ning deso tansah keloro-loro
  • Pancen saiki uripku uwes mukti
  • Nanging ojo mbok anggep aku wis lali
  • Jroning ati mung tansah ono sliramu
  • Luweh-luweh dadi sumpah jroning atiku
  • Pancen wes dadi sumpah jroning atiku
  • Yen durung biso keturutan karepku
  • Aku ra bakal lali mring wekasanmu
  • Mung tak jaluk sabar ngenteni tekaku
  • Yen anakmu takon sopo bapake
  • Kuwi kabeh ngunu wes ono benere
  • Kandanono aku iseh nyambut gawe
  • Nggo mulyakke anakmu klawan kowe
  • Nggo mulyakke anakmu klawan kowe
00:00
-00:00
Xem chi tiết bài hát
Dengarkan duet yang terkoordinasi baik

23 4 2271

6-4 15:40

Quà

Tổng: 0 5

Bình luận 4

  • Yuda Setiawan 6-6 14:54

    d tunggu cover selanjutnya yah

  • Delleali Ali 6-7 14:03

    bagus kali suaranya

  • Kristina Siagian 6-7 15:52

    😃😊💖💖💖ayok duet 💖💖💖🎉 😍

  • IraMusfirah 6-10 15:06

    😊❤ keerennn suaranya👍👍👍👍👍👍👍👍👍👍🎸🎸🎺🎺🎷🎭🎭🥁🥁🥁🎧🎧🎧🎧🎼🎻🎻🎻🎤🎤🎤🎵🎵🎵 😊💗💗💗💗💗💗