Ojo Ngece Karo Wong Ora Duwe

Ojo ngece karo wong ora nduwe

  • Ojo ngece karo wong ora nduwe
  • Rojo Brono yen mati ora digowo
  • Bebasan urip mung mampir ngombe
  • Ngono kui jare bini sepuh kae
  • Ojo ngece karo wong ora nduwe
  • Rojo Brono yen mati ora digowo
  • Bebasan urip mung mampir ngombe
  • Ngono kui jare bini sepuh kae
  • Yen numpak sepur asepe metu nduwur
  • Tiwas ajur mumur yen awak ora diatur
  • Nek numpak motor asepe metu ngisor
  • Urip neng alam ndonyo kudu sugih andhap asor
  • Nek numpak becak asepe metu telak
  • Ojo ngguyu ngakak yen urip lagi kepenak
  • Nek numpak andong asepe metu mbokong
  • Ojo plenggang-plenggong mengko mundak koyo grandong
  • Dadi wong ojo rumongso biso
  • Nanging uwong sing biso rumongso
  • Wong sing becik simpeno kebecikane
  • Ngono kui jarene simbahku dewe
  • Rujak nanas pantes diwadahi gelas
  • Tiwas adem panas sik digagas ora waras
  • Nek rujak dondong pantes diwadahi lodong
  • Ojo plenggang plenggong mengko mundak koyo grandong
  • Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
  • Bingung nggolek duit ngurusi barang gejepit
  • Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
  • Bingung nggolek duit ngurusi barang gejepit
  • Dadio wong sing becik
  • Ojo do sirik
  • Opo opo marai mangkel
  • Mengko malah koe dadi nggrundel
  • Tiwas ngalah malah do ngeyel
  • Mulane kowe manuto wong tuo
  • Ojo pisan pisan koe neko-neko
  • Jaman saiki sithik-sithik metu ragat
  • Uripe ora tentrem malah kowe dadi jepat
  • Mulakno mulakno rasah do ngeyel
  • Wong tuwo le ngandani angel
  • Bola bali bola bali kowe nglarani ati
  • Wong tuwomu dadi loro ati
  • Ngalor ngidul ngulon ngetan
  • Aku wis kenthir ra iso mikir
  • Kiwo kiwo kiwo kiwo kluer kluer kluer
  • Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
  • Bingung nggolek duit ngurusi barang gejepit
  • Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
  • Bingung nggolek duit ngurusi barang gejepit
  • Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
  • Bingung nggolek duit ngurusi barang gejepit
  • Nek rujak mayit lalapane rumah sakit
  • Bingung nggolek duit ngurusi barang gejepit
00:00
-00:00
Lihat rincian lagu
Yuk duet bareng aku!

14 0 2529

2021-9-9 08:41 asusASUS_A007

Tangga lagu hadiah

Total: 0 2

Komentar 0