Lengger(Live)

Wis kawit jaman kuna lereng

  • Wis kawit jaman kuna lereng
  • Tontonan lengger akeh sing seneng
  • Sing ngibing mlowes pisan
  • Calunge nyamleng
  • Tua enom lanang wadon
  • Kawit bocah tekan kaki nini
  • Gemrudug dhemen nonton lengger Banyumas
  • Nganti ora eling anak bojo
  • Sing penting asyik melu ngibing
  • Lengger seni budaya asli tradisional Banyumasan
  • Kudu diipuk-ipuk diuri-uri
  • Calung lan kendhange buket pisan
  • Sing ngibing jan luwes trampil pisan
  • Sing nonton padha njanggleng semlengeren
  • Ana sing thongkrong ana sing njanggleng
  • Ana sing mbandreng melu ngibing
  • Jejer petan njagongi klaras
  • Lengger kesenian asli Banyumas
  • Tuku salak nang pasar paing
  • Rasa kepenak ayuh padha ngibing
  • Pitik jengger lancip jalune
  • Seni lengger jan langka padhane
  • Obang-abing digoreng garing
  • Sepisan ngibing mesti njaluk maning
  • Nganti ora eling anak bojo
  • Sing penting asyik melu ngibing
  • Lengger seni budaya asli tradisional Banyumasan
  • Kudu diipuk-ipuk diuri-uri
  • Calung lan kendhange buket pisan
  • Sing ngibing jan luwes trampil pisan
  • Sing nonton padha njanggleng semlengeren
  • Ana sing thongkrong ana sing njanggleng
  • Ana sing mbandreng melu ngibing
  • Iwak jaer kebek nang eri
  • Seni lengger kudu diuri-uri
  • Iwak emas diuntal teri
  • Lengger Banyumas tetep lestari
  • Mbeker mbeker disosor meri
  • Nonton lengger jan ora mblengeri
  • Medang clebek batir betiti
  • Ubak-ubek nglinteri karti
00:00
-00:00
ดูรายละเอียดเพลง
Yuk duet bareng aku!

27 10 2083

2023-2-11 20:22 vivoV2039

ชาร์ตของขวัญ

รวม: 0 5

ความเห็น 10