Syi'ir Tanpo Waton

Astaghfirulloh robbal baroyaa

  • Astaghfirulloh robbal baroyaa
  • Astaghfirulloh minal khothoya
  • Robbi zidni 'ilman nafi'a
  • Wawafiqni 'amalan sholihan
  • Ya roshulalloh salamun 'alaik
  • Ya rofi 'asyani waddaroji
  • 'Atfatayaji rotal 'alaami
  • Ya uhailaljuu diwal kharomi
  • Ya uhailaljuu diwal kharomi
  • Ngawiti ingsun nglaras syiiran
  • Kelawan muji pareng pengeran
  • Kang paring rohmat lan kenikmatan
  • Rino wengine tanpo pitungan
  • Rino wengine tanpo pitungan
  • Duh bolo konco prio wanito
  • Ojo mung ngaji syareat bloko
  • Gur pinter dongeng nulis lan moco
  • Tembe mburine bakal sengsoro
  • Tembe mburine bakal sengsoro
  • Akeh kang apal qur'an hadiste
  • Seneng ngafirke marang liyane
  • Kafire dewe ra digatekke
  • Yen isih kotor ati akale
  • Yen isih kotor ati akale
  • Gampang kabujuk nafsu angkoro
  • Ing pepaese gebyare ndunyo
  • Iri lan meri sugihe tonggo
  • Mulo atine peteng lan nisto
  • Mulo atine peteng lan nisto
  • Ayo sedulur jo nglalekake
  • Wajibe ngaji sak pranatane
  • Nggo ngandelake iman tauhide
  • Baguse sangu mulyo matine
  • Baguse sangu mulyo matine
  • Kang aran sholeh bagus atine
  • Kerono mapan sari ilmune
  • Laku torekot lan ma'rifate
  • Ugo hakekot manjing rasane
  • Ugo hakekot manjing rasane
  • Alqur'an qodim wahyu minulyo
  • Tanpo tinulis iso diwoco
  • Iku wejangan guru waskito
  • Den tancep ake ing njero dodo
  • Den tancep ake ing njero dodo
  • Kumantel ati lan pikiran
  • Mrasuk ing badan kabeh njeroan
  • Mukjizat rosul dadi pedoman
  • Minongko dalan manjinge iman
  • Minongko dalan manjinge iman
  • Kelawan alloh kang maha suci
  • Kuduh rangkulan rino lan wengi
  • Di tirakati di riadhoi
  • Dzikir lan suluk jo nganti lali
  • Dzikir lan suluk jo nganti lali
  • Uripe ayem rumongso aman
  • Dununge roso tondo yen iman
  • Sabar nerimo senajan paspasan
  • Kabeh tinakdir saking pengeran
  • Kabeh tinakdir saking pengeran
  • Kelawan konco dulur lan tonggo
  • Kang podo rukun ojo daksio
  • Iku sunnahe rosul kang mulyo
  • Nabi muhammad panutan kito
  • Nabi muhammad panutan kito
  • Ayo nglakoni sekabeane
  • Alloh kang bakal ngangkat drajate
  • Senajan ashor toto dhohire
  • Ananging mulyo makom drajate
  • Ananging mulyo makom drajate
  • Lamun palastro ing pungkasane
  • Ora kesasar roh lan sukmane
  • Den gadang alloh syuargo manggone
  • Utuh mayite ugo ulese
  • Utuh mayite ugo ulese
  • Ya roshulalloh salamun 'alaik
  • Ya rofi 'asyani waddaroji
  • 'Atfatayaji rotal 'alaami
  • Ya uhailaljuu diwal kharomi
  • Ya uhailaljuu diwal kharomi
00:00
-00:00
Xem chi tiết bài hát
Dengarkan duet yang terkoordinasi baik

21 1 1

6-21 22:13

Quà

Tổng: 0 4

Bình luận 1