Jawa Timur

Sopo Nganggo mesthine sing Nggawe

  • Sopo Nganggo mesthine sing Nggawe
  • Sopo sing Arep kok dadine Kate
  • Kowe iku Kon dadi arane
  • Arane Uwong iku Arek kene
  • Jawa Timur neng pinggire pulo Jowo
  • Nyebrang laut tekane pulo Meduro
  • Daerah Industri kuwi Gerbang Kertosusilo
  • Pancer tengahe ono ing Suroboyo
  • Tapal kuda istilah kanggo daerah wetan
  • Mlipir pantai tekane kutho pacitan
  • Mojopahit Kerajaan gedhe ing Nuswantoro
  • Kari bekase ono ing Mojokerto
  • Tanjung Perak iku jeneng Pelabuhane
  • Pancen penak yen dolan karo pacare
  • Apel Malang enak rasane
  • Apel prawan ojo suwe suwe
  • Suwar suwir panganan khas etan kono
  • Pasir putih neng arahe situbondo
  • Bondowoso enak tapene
  • Karo konco sing rukun wae
  • Reoge Ponorogo Waroke Suromenggolo
  • Kerapan sapi meduro Tradisine rakyat pesta
  • Alase Alas Purwo mentok tekan Watu Ulo
  • Ketapang Banyuwangi numpak Ferry tekan Bali
  • Gunung Bromo lewat kutho Probolinggo
  • Numpak jaran mesthi tekan Ndukur kono
  • Tulungagung kulak marmer
  • Ngombe Tuak turune ngleker
  • Jawa Timur neng pinggire pulo Jowo
  • Nyebrang laut tekane pulo Meduro
  • Daerah Industri kuwi Gerbang Kertosusilo
  • Pancer tengahe ono ing Suroboyo
  • Kutho Gresik ono pabrike sing gedhe
  • Gedhe tenan ora iso dibayangke
  • Semongko Bajul Bojonegoro
  • Bacut ucul yo di ikhlasno
  • Pasuruan dolan neng taman safari
  • Nonton macan singo ning sing ati ati
  • Bengkel sepur neng Madiun
  • Ojo mundur mengko mundhak getun
  • Lewat Blitar ziarah makam Bung Karno
  • Neng Kediri ngelingake Joyoboyo
  • Mampir dhisik golek tahu
  • Mbolak mbalik sirahku ngelu
  • Jombang iku kuthone Kiai lan santri
  • Menyang kono nonton ludruk ojo lali
  • Munggah Batu trus neng Malang
  • Mlaku mlaku golek kembang kembang
  • Bali mampir neng Jember wis kelakon muter muter
  • Muter Jowo kalangan lewat kuthone Lumajang
  • Babat Tuban Lamongan Momong konco angel tenan
  • Sidoarjo nasibe dadi rejo mengko tembe
00:00
-00:00
Lihat rincian lagu
lagu etnik karya Genk Kobra

28 8 1

2023-2-3 12:49 vivo 1904

Tangga lagu hadiah

Total: 1 3

Komentar 8