Arum Dalu

Sumerbak nyirep teleng ati

  • Sumerbak nyirep teleng ati
  • Ngambar arum melati ing ratri
  • Wewangenmu dino kawuri
  • Saksi katresnan sejati
  • Nyawang pasuryanmu ing tawang
  • Ke taman ayune sri wulan
  • Koyo-koyo wus sesandhingan
  • Senadyan amung wewayang
  • Amung wewayang
  • Kelingan setyamu kelingan sedyamu
  • Naliko nate janji-janji
  • Sebo ing dampar ati
  • Ngelali opo wis lali
  • Sekar kang rinonce datan kedunung
  • Nandhang lelakon tuwuh getun keduwung
  • Tumetes waspo tibo ing lembayung
  • Pindho ombak samudro tan kebendhung
  • Mego mendhung tan kandheg tetangis
  • Nelesi kembang ati sing atis
  • Ati kataman janji lamis
  • Kegodha lathi kang manis
  • Grentes ginaris
  • Sekar kang rinonce datan kedunung
  • Nandhang lelakon tuwuh getun keduwung
  • Tumetes waspo tibo ing lembayung
  • Pindho ombak samudra tan kebendung
  • Ginurit endah sastro kang semu
  • Tansah ngreridu jroning lamunku
  • Tan ono liyo hamung sliramu
  • Nyoto jejantung ing tilam sariku
  • Cahyo netraku
00:00
-00:00
Xem chi tiết bài hát
Yuk dengarkan duet kami!

119 6 1

2023-12-31 18:35 vivoV2118

Quà

Tổng: 0 20

Bình luận 6